Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Ojo Biasakke Gak Ngomong Pren

Ayo ngomongo pren, ojo meneng meneng wae... f-ilustrasi
Gusti Allah kuwi nggawe sesuatu mesthi ono kegunanaane. Semut sing cuilik cuilik, ono sing diarani semut geni barang, rumangsamu kuwi ora ono gunane? Mesthi ono, cuma mungkin menungso wae sung durung ketemu gunane. Nek ora ono semut, alam kuwi ora seimbang.

Yo ojo langsung diskak ora ono semut geni ora marakke banjir. Kuwi kadohan. Mungkin yo, mungkin akan timpang ning ekosistem utowo lingkungan semut geni nek makhluk iki ora diciptakke Gusti Allah.

Ora usah ngomongke sing adoh adoh, kabeh bagiane awak kita kuwi yo ono gunane. Ora usah sing njlimet njlimet, mengko aku malah bingung olehe nulis. Ojo takon gunane wulu kelek kuwi opo, aku yo ora iso njawab. Opo takon gunane wan sing nyempil ning rambut kuwi opo, aku yo ora iso njawab.

Siang guampang wae piye, mulut. Arep tak tulis cangkem kok yo ketoka kasar banget. Mengko podho protes, zaman siki protes kuwi guampang banget. Soko sing diketik terus diunggah ning media sosial nganti protes sing dilakoni wong akeh alias demonstrasi kae.

Mulut kuwi nek disawang yo gur terbentuk soko lambe loro, lambe ndhuwur karo ngisor. nek dibuka suoro sing metu biasane vokal, koyok a, i, u ,e, o. Nek mingkem kuwi nggo huruf huruf koyok, p, b, m. Nah, sing duwe mulut fungsine isih normal, perlu disyukuri.


Syukur mulut kuwi akeh banget bentuke. Misale nyopo tonggo sing lewat ngarep omah. Ora dianggep edan kok sampeyan sampeyan kuwi takon tonggo sing jelas arep ning pasar kanti pitakonen: tindak peken, Bu, Pak? Coba wae, sing sampeyan takoni kudune seneng disopo tonggo.

Lha, uakeh banget persoalan ning ndonyo iki sing sebabe mulut mau. Mulakno ono peribahasa mulutmu harimaumu. Saking pentinge komunikasi mau, sekolah sekolah sing biayane gedhe ono sing buka jurusan komunikasi. Padahal yo, gur ngomong kok yo ono jurusane barang.

Bisu kae, mesthi gak pingin lahir bisu. Ngomong karo boso isyarat kuwi gak kabeh wong ngerti. nek sing gampang gampang iyolah, gampang nebake.

Ngene, ono hal hal sing ora kudu diomongke, nanging akeh hal sing kudu diomongke. Soal omongan iki jane yo ora sesederhana ning pikirane wong. Contone ngene, sampeyan nduwe tonggo sing wis welasan tahun urip ning perumahan. Tonggo plek malah, betese gur tembok. Pas tandurane tonggone sampeyan godhonge nglewati pager, terus nek usum ketigo godhonge sing garing tibo ning latare sampeyan.

Mesthi lak gak penak sampeyan arep negur opo ngomong. Ning pikiran sampeyan kuwi wis akeh bayangan. Mbok mengko tonggo mau nesulah, misuh misuhlah, melototlah... nganti marakke padu terus meneng menengan. Padahal yo, durung mesthi koyok iku. Biso wae tonggone sampeyan memang gak sadar godhong tandurane mangklung sithik ning omahe sampeyan. Pas dielingke tonggo mau kanti seneng ati njupuk parang terus mak cleng.... beres.

Tapi nek parang kuwi kiro-kiro gawe penyebab memolo lantaran negur tonggo yo mlayu wae hehehe. Opo maneh parange mingis mingis, lagek bar diasah. Pating klelap keno sinare srengenge.

Pedhote komunikasi kuwi biso nyebabke prasangka. Sing kudune ora ngono dibayangke mbok mengko ngene, ngono. Konco cedhak sing selama iki benar-benar ngerti sampeyan, lantaran ono bab terus sikape malih, bakal marakke prasangka. Sampeyan nyongko konco mau ora peduli maneh, wis ngadoh. Padahal yo asline ora lho. Wonge lagi mikir masalahe dhewe. Masalah abot, sengojo ora dibagi karo sampeyan.

Wis aku gak kakean omong, pesenku ojo biasakke gak ngomong... Ngomong yo ora mbayar wae lho, medhit men. Wong medhit kuburane sempit, jarena guyonan.

Post a Comment for "Ojo Biasakke Gak Ngomong Pren"